Taksih ngeses? Kula aturi klik banner punika:

Monday, January 26, 2009

Leres Lepat

Wonten saperangan tiyang ingkang nggadhahi pemanggih bilih menawi ngaturaken hamicara ing pahargyan mawi 'panjenenganipun Bapa ___' punika dipun wastani lepat, ingkang leres 'Bapa ____'. Dados sebatan panjenenganipun punika mboten perlu dipun aturaken. Saperangan sanesipun nggadhahi pamanggih bilih sebatan kala wau leres kemawon.
Kula namung nyumanggakaken dhumateng panjenengan, jalaran leres utawi lepat punika miturut kula inggih namung jumbuh kaliyan raos. Manawi panjenengan wonten ing samadyaning kempalan tiyang ingkang gadhah pamanggih leres, kula kinten menawi panjenengan nyebat tanpa 'panjenenganipun' inggih rumaos mboten sekeca.
Pramila mboten sisah dipun galih babagan leres utawi klentunipun.

1 comment:

  1. babagan leres kaliyan lepat anggenipun nyebat panjenenganipun, prayoginipun panjenengan menawi andum kawruh wonten ing internet meniko sekecanipun inggih miturut tata basa ingkang leres, ingkang trep kaliyan paugeran ingkang leres. Panjenenganipun menika dipun ucapaken naliko tiyang ingkang dipun sebat meniko mboten wonten ing pepanggiyah, menawi wonten mboten perlu ngagem panjenenganipun, lajeng kemawon nyebat bp.....mekaten miturut kawruh ingkang kulo tampi bopo, ngapunten menawi lepat

    ReplyDelete