Taksih ngeses? Kula aturi klik banner punika:

Monday, January 26, 2009

Pakem Pambiwara Adicara Paningset

PAMBUKA

Kula nuwun,

Panjenenganipun para sepuh saha pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, ingkang satuhu pantes kinabekten.

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.

Kasugengan, karahayon inggih awit sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Kuwaos mugi tansah hangrenggani dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sumrambah ing samudayanipun.

Hamurwani tumapaking karya sedyatama, inggih awit saking keparengipun Bapa _____ kekalih [ingkang hamengku karsa] ing wanci kalenggahan punika, kula pinangka pambiwara keparenga hambuka wenganing wicara, saperlu hangaturaken menggah urut reroncening adicara paningset ing wanci kalenggahan punika.

Hamung kewala, saderengipun pambiwara hangaturaken menggah urut reroncening adicara, jumbuh kaliyan kuncaraning bangsa kita, ingkang tansah hanengenaken ing panembah dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken tansah cumadhong ing kamirahanipun. Mugi-mugi wiwit purwa madya ngantos wusananing sedya, lumampah kanthi sepen ing rubeda.

Wondene minangka purwakaning sedya, inggih sowanipun badhe temanten putri kawijilaken saking sasana busana, manjing ing sasana dhampar pinajang. Saksampunipun satata lenggah, tumunten katindakaken adicara serah panampining badhe temanten kakung dalah abon-abon uba rampe minangka jejangkeping apalakrama. Purna serah panampi kalajengaken serah panampining redana aji.

Saparipurna serah panampining redana aji, kalajengaken liru kalpika aji, inggih ngagemaken ali-ali dhumateng badhe temanten kekalih, nunten kalajengaken atur pambagya harja, nunten kalajengaken atur pamitan saking kadang besan sutrisna.

Wondene paripurnaning sedya hambok bilih badhe temanten sarimbit sampun kabedhol saha kajengkaraken saking sasana dhampar pinajang, tumuju wiwaraning pahargyan jinajaran rama saha ibu, sinartan panutuping atur saking pambiwara.

Mekaten para lenggah kakung saha putri, menggah urut reroncening adicara paningset ing wanci kalenggahan punika. Pramila awit saking punika, purwa madya ngantos wusana, mugi para lenggah kakung saha putri, wontena suka lilaning penggalih tansaha paring puji astuti ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, matur nuwun.


LAMPAHING ADICARA

TULADHA BADHE TEMANTEN MIJIL



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Kados-kados badhe temanten putri hanggenya hanglulur sarira, miwah hangadi busana sampun paripurna. Estining driya badhe mijil saking sasana busana arsa manjing ing sasana dhampar rinengga.

Wondene ingkang kepareng hangembani nun inggih panjenenganipun ibu ____ saha ibu ____. Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, mijilipun badhe temanten putri mugi kapyarsakna ungeling Ketawang Puspa Warna. Sumangga nun, nuwun.



TULADHA SERAH PANAMIPING BADHE TEMANTEN KAKUNG



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu pantes sinu darsana.

Saksampunipun badhe temanten putri wus satata lenggah ing sasana dhampar pinajang, tumunten katindakaken adicara serah panampining badhe temanten kakung saha abon-abon uba rampe minangka jejangkeping apalakrama.

Wondene ingkang kepareng hamasrahaken, panjenenganipun Bapa ____, wondene ingkang kepareng hanampi, panjenenganipun Bapa ____.

Jumenengipun Bapa ____ [ingkang hanampi] kasumbul sakwingkingipun Bapa ____ sekaliyan [ingkang hamengku karsa].

Kados-kados samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji. Sumangga nun, nuwun.



TULADHA SAKSAMPUNIPUN PASRAH

BADHE TEMANTEN KAKUNG



Para tamu sinedhahan kakung putri, mekaten kala wau atur pangandika pasrah saking panjenenganipun Bapa ____ sampun paripurna.

Ingkang saklajengipun badhe katampi panjenenganipun Bapa ____, minangka sulih salira saking ingkang hamengku karsa. Ingkang punika dhumateng panjenenganipun Bapa ____ wekdal sakwetahipun kasumanggakaken. Nuwun.



TULADHA PASRAH BADHE TEMANTEN KAKUNG

SAMPUN PARIPURNA



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Menggah mekaten kala wau atur serah panampining badhe temanten kakung sampun paripurna.

Ingkang saklajengipun keparenga para tamu kakung saha putri hanglajengaken lelenggahan ngantos dumugi purnaning gati.

Nuwun, matur nuwun.



TULADHA LIRU KALPIKA AJI



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Keparenga pambiwara hanglajengaken adicara candhakipun, nun inggih liru kalpika aji. Wondene ingang kepareng hamratitisaken adicara liru kalpika aji, nun inggih panjenenganipun Bapa/Ibu ____.

Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng Bapa/Ibu ____. Sumangga nun, nuwun.



TULADHA PANUTUPING LIRU KALPIKA AJI



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu pantes ingurmatan. Menggah mekaten kala wau lampahing adicara liru kalpika aji sampun paripurna. Ingkang saklajengipun keparenga para lenggah kakung putri hanglajengaken lelenggahan kanthi suka renaning penggalih sinambi hanyrantos tumapaking adicara candhakipun. Nuwun.



TULADHA ATUR PAMBAGYA HARJA



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Ing wanci kalenggahan punika, ingkang hamengku karsa badhe hangaturaken lekas wekasing sedya wigatosing perlu, wonten ngarsanipun para tamu kakung saha putri.

Karana mongkoging penggalih, inggih awit karawuhan panjenengan sedaya, pramila hamiji tetuangga ingkang pinilih, tanulyan mboten wonten malih kajawi panjenenganipun Bapa ____.

Wondene jumenengipun Bapa ____, kasumbul sakwingkingipun nun inggih panjenenganipun Bapa ____ saha Bapa ____.

Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng Bapa ____. Sumangga nun, nuwun.



PAMITAN

[adicara punika saged mboten dipun adani]



Para tamu sinedhahan kakung saha putri ingkang satuhu pantes sinu darsana. Keparenga pambiwara hanglajengaken adicara saklajengipun, nun inggih adicara pamitan. Wondene adicara pamitan badhe kasarira dhumateng panjenenganipun Bapa ____.

Kados-kados samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng Bapa ____. Sumangga nun, nuwun.



PANUTUP



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Purwa madya ngantos wusana adicara paningset ing wanci kalenggahan punika sampun ndungkap paripurna.

Ingkang punika dhumateng panjenenganipun Ibu ____ saha Ibu ____ keparenga hambedhol badhe temanten sarimbit saking sasana dhampar pinajang tumuju wiwaraning pahargyan jinajaran rama saha ibu, saperlu tangkep asta ndherekaken kunduripun para tamu.

Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sawetahipun kasumanggakaken para-para ingkang piniji. Sumangga nun, nuwun.



TUTUPAN PAMBIWARA

[dipun adani nalika temanten sampun dumugi madyaning lampah]



Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.

Kula pinangka pambiwara, wiwit purwa madya ngantos wusana hambok bilih anggen kula mranata basa kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama ingkang agung. Ing wasana, mangga sesarengan asesanti: Jaya-jaya wijayanti, rahayu ingkang sarwi pinanggih. Nuwun, matur nuwun.

Kunduripun ndherekaken wilujeng.

Perangan Pambiwara

Sak mangke badhe kula aturaken ilmu ingkang sampun kula tampi ing gladhen pambiwara. Pambiwara mangke dipun perang mekaten:
1. Pakem pambiwara adicara paningset/lamaran
2. Tuladha hamicara pasrah badhe temanten kakung
3. Tuladha hamicara panampining badhe temanten kakung
4. Tuladha hamicara liru kalpika aji
5. Tuladha hamicara pambagya harja adicara paningset/lamaran
6. Pakem pambiwara adicara pahargyan
7. Tuladha panyandra
8. Tuladha hamicara pasrah temanten kakung
9. Tuladha hamicara panampining temanten kakung
10. Tuladha rerepen Dandang Gula
11. Tuladha hamicara pambagya harja adicara pahargyan
12. Pakem pambiwara adicara ngundhuh temanten
13. Tuladha hamicara pasrah temanten
14. Tuladha hamicara panampining temanten
15. Tuladha hamicara pambagya harja adicara ngundhuh temanten
16. Pakem pambiwara adicara supitan
17. Tuladha hamicara pambagya harja adicara supitan
18. Pakem pambiwara adicara duhkita
19. Tuladha hamicara pambagya harja adicara duhkita
Sedaya kala wau badhe kula aturaken ing blog punika setunggal mboko setunggal. Pramila panjengan kula aturi nengga.

Leres Lepat

Wonten saperangan tiyang ingkang nggadhahi pemanggih bilih menawi ngaturaken hamicara ing pahargyan mawi 'panjenenganipun Bapa ___' punika dipun wastani lepat, ingkang leres 'Bapa ____'. Dados sebatan panjenenganipun punika mboten perlu dipun aturaken. Saperangan sanesipun nggadhahi pamanggih bilih sebatan kala wau leres kemawon.
Kula namung nyumanggakaken dhumateng panjenengan, jalaran leres utawi lepat punika miturut kula inggih namung jumbuh kaliyan raos. Manawi panjenengan wonten ing samadyaning kempalan tiyang ingkang gadhah pamanggih leres, kula kinten menawi panjenengan nyebat tanpa 'panjenenganipun' inggih rumaos mboten sekeca.
Pramila mboten sisah dipun galih babagan leres utawi klentunipun.

Wednesday, December 31, 2008

Atur Panuwun

Kula aturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapa Wagimin Jaya Martana ingkang pidalem wonten Semanggi-Surakarta, ingkang sampun kersa nggladhi kula dalah rencang-rencang ing babagan pambiwara punika.
Kula hanglenggana bilih kula mboten saget mangsulaken menggah sedaya kesaenan panjenengan, namung kasumanggaaken wonten ngarsanipun gusti ingkang maha kuwaos, mugi-mugi sih kadarman panjenengan kalawau sageta hamimbuhi arum kuncaraning asma Bapa Wagimin Joyo Martono, saha pikantuk leliru saking ngarsanipun gusti ingkang maha mirah ingkang langkung matikel-tikel.
Mboten kesupen ugi kula aturaken gunging panuwun dhumateng LPMK Kelurahan Kemlayan ingkang sampun kersa paring pambiyantu murih pasinaon pambiwara saged kaleksanan.

Saturday, December 27, 2008

Purwaka

Seratan pambiworo punika sajatosipun klentu, ingkang leres pambiwara. Sebatan sanesipun inggih punika pambyawara. Ingkang kasebat kalawau salah satunggaling pakaryan ingkang magepokan kaliyan pepanggihan, inggih punika ingkang biwaraaken dalah ingkang piniji matur sak madyaning pepanggihan. Sedaya kalawau ngaturaken mawi basa jawi, biasanipun krama inggil.
Wondene pepanggihan punika maneka warna, kadosta: pahargyan (pawiwahan), supitan, layadan lan sapanunggalipun.